Tuesday, January 29, 2008

KAGEM KONDHE **

Ndè,pikiranku nglantur ora iso di ajak maju
Kadang yen edan malah sedino mung turu
Koyo2 ukara males wis dadi hobiku
Neng utek njubel ngajak metu

Ndè,wengi iki aku durung meremkè mataku
Lagi ngudud,ngadhep radio lan maca buku
kanca-kancaku wis padha turu
Kanca sing apik tur iso ngatur wektu

Sik,..sik,....sik,....tak tinggale sdhelo
Hp-ku ndering kuenceng ora kiro2
Ono 1 sms sing lagi tak woco
Isine "Who i am?", wis nate krungu to?....

Aku pengen jawab mung ora iso
Pulsaku entèk kari satus sewidak limo
Daripada operatore ngomel-ngomel cut duko
Bantunen aku tolong jawabno

No comments: